Nek ora ngerti, takon koncomu, sing arek Suroboyo
Salesman
Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko ndik
omahku.
Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro
salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus
ndhik karpet.
Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum
cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke
sithok-sithok tembeleke wedhus iku."
Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha
ngemploke ?".
"Lho opoko masalae ?'' salesmane takok.
"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."
Ngentutan
Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki
aku malih ngentutan. Sak jam isok ping sepuluh aku
ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek
gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti.
Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis
ping telu aku ngentut.
Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku
gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak
dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".
"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki.
Seminggu maneh mbaliko rene maneh" jare doktere.
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
"Wis enakan tah ?" takok doktere.
"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi,
cumak entutku saiki kok ambune malih bosok gak karuan.
Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik
tetep gak muni", jare yuk Jah.
"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh.
Saiki tebusen resep iki yo" jare doktere.
"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.
"Obat kopok.."
Mancing
Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got
cilik ndhik ngarepe warunge Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot, Wonokairun ndhodhok sarungan
nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun.
Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing
ngiro wong gendheng, yo onok sing cuek ae.
Gak sui Bunali teko katene andhok pisan. Bareng
ndhelok Wonokairun koyok ngono langsung gak mentolo.
"Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok
kawatir. " jare Bunali.
Pertama Wonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari
dibujuk-bujuk akhire gelem.
"Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge," jare
Bunali.
Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.
"Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok
iwake ?" takok Bunali.
"Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok
sarungan sak uwen-uwen. " jare Wonokairun.
"Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?" jare
Bunali gak percoyo.
"Awakmu sing ke limo . . ."
Bakul Bakwan
Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol
nuangis koyok wong kewedhen.
"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake.
"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi"
jare cak Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol
kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.
"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang
turuo maneh" jare cak Srondhol.
Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol
tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.
Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah
wengi.
"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.
"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh"
jare cak Srondhol.
Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak
isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku
kate mati pikire.
Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis
berok-berok.
"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare
cak Srondhol.
"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."
Minimarket
Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe.
Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.
"Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki,
sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe
kucing. Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki
sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong
kucing dipamerno ndhik Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging
kalengan gawe kucinge.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki
tuku biskuit balung pakane ***.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
"Mbah, sampeyan ndhuwe *** tah ?. Aku khawatir lek
tibake pakan *** iki sampeyan emplok dhewe. " jare
Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun
*** dipamerno ndhik Bunali.
"Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit
balung gawe asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki
nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi
sak driji.
"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare
Bunali.
"Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene
lek pingin ngerasakno. Wis tah tak jamin gak bakal
nyatek. " jare Wonokairun.
Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk
Wonokairun akhire Bunali kendhel. Drijine dilebokno
ndhik bolongane kerdus.
Tibake njerone onok gembuk-gembuke.Pas drijine ditarik
maneh,ambune malih gak whuenak.
Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong
dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok
tembelek."
"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ".
Share This Thread